NYIDAM HP



A. JUDUL CERITA       : NYIDAM HP

B. IDE CERITA             : Tri Juono S.

C. NASKAH                   : Tri Juono S.

D. PARA PELAKU       :

1. Pak Ratno
2. Bu Sri (Istri Pak Ratno)
3. Didik (Anak Pak Ratno)
4. Pak Johan (Kepala Sekolah)
5. Bu Indah (Guru Kelas)
6. Ferdi (Teman Didik)
7. Rafi (Teman Didik)
8. Pak Bejo

BABAK I  : RUMAH PAK RATNO
Suatu pagi tampak kesibukan di rumah Pak Ratno, Bu Sri sedang menyiapkan sarapan untuk suami dan anaknya di sebuah meja sederhana. Setelah selesai menyiapkan sarapan, Bu Sri duduk sambil menghela nafas.

Bu Sri             : “Tak rasak-rasakno tambah suwe urip kok tambah angel. Jare jaman wis maju, pembangunan merata, nyatane uripe kerluargaku yo tetep mlarat ae…., sembarang kalir larang. Jare masak kon gawe LPG cekne murah, nyatane sakiki regane LPG yo mundhak terus. Durung maneh mikirno sekolahe Didik anakku. Sa’iki wis kelas 5 SD, kebutuhane tambah akeh. Ngunu wong gedehe-gedhe ngomong sekolah di gratisno. jare enek BOS-e. tapi kok yo ijik ngetokno duwit, jare tuku iki lah,…iku lah… macem-macem sing dibutuhno”. (Sekali lagi Bu Sri menghela nafas)” eee…alah, yo ngene iki rasane dadi wong cilik tambah suwe tambah keplethet uripe……”. “Lho, kok aku malah ngomong nglantur gak karu-karuan, wong wis awan, lak yo kawanen iki anakku selak sekolah”. (Bu Sri kemudian berteriak memanggil suami dan anaknya) “Pak……,  Dik….., ndang rene iki sarapane wis cumepak. Wis awan iki keri sekolah koen engkok…….”

Tak lama datang Pak Ratno ke meja makan

Pak Ratno     :“Wis siap ta buk sarapane?, sarapan gawe roti selai ta roti keju buk?”
Bui Sri            : “Glani pak, omongane sampean koyok wong sugih ae njaluk sarapan roti, yo iki eneke, tempe goreng karo sambel korek….”
Pak Ratno     : “Ha… ha… ha…., guyon buk, ngunu ae mecucu. Lha anakmu nandi buk, gak ndang rene, wong wis setengah pitu…..”
Bu Sri             : “Mboh, kok mesthi arek iki nek wayahe budhal sekolah mbulet ae.
Dik….Didik, ndang rene selak awan iki lo….”

Dengan wajah murung Didik menghampiri kedua orang tuanya

Bu Sri             : “Wis kene ndang lungguh sarapan”.

Didik tampak malas memakan hidangan srapan paginya, hal ini membuat ibu dan bapaknya heran.

Pak Ratno     : “Ndang dipangan le, kok di olak-alik thok segone….”.
Bu Sri             : “Kenek opo se le, sawangane kok gak semangat, gak doyan iwake ta?” (Didik menggeleng), “opo kowe loro?” (Didik kembali menggeleng). “Lha terus kenek opo?, mbok crito nang ibuk menawa kowe enek masalah. Lha nek meneng ae nggarahi ibuk karo bapak iki kuwatir……”
Bu Sri
:
“Kenek opo se le, sawangane kok gak semangat, gak doyan iwake ta?” (Didik menggeleng), “opo kowe loro?” (Didik kembali menggeleng). “Lha terus kenek opo?, mbok crito nang ibuk menawa kowe enek masalah. Lha nek meneng ae nggarahi ibuk karo bapak iki kuwatir……”
Didik
:
“Buk, aku…….”  (Didik menghentikan ucapannya)
Pak Ratno
:
“Lapo se le…., ngomongo terus terang, lha nek awakmu meneng ae, bapak karo ibuk iki opo iso ngerti masalahmu……”
Didik
:
“Tapi bapak karo ibuk ojo muring-muring yo…..”
Bu Sri
:
“Ora le…, lha nek awakmu gak salah lapo se bapak karo ibuk nyeneni, opo awakmu mari tukaran karo kancamu?”
Didik
:
“Ora buk…., tapi temen yo, bapak karo ibuk gak muring-muring?”
Pak Ratno
:
 “Ora le….”
Didik
:
“Suer?”
Bu Sri
:
“Oalah le, kate ngomong ae kok athik suer-sueran barang iku lo….”
Didik
:
“Aku isin buk karo arek-arek. Nduk sekolahan aku lo di lok-lokno terus”.
Bu Sri
:
“Lha sebabe opo le?”
Didik
:
“Pokoke bapak kudu gelem nukokno aku….”
Pak Ratno
:
“Lho, arek iki piye se, wong ditakoni sebabe kok jawabe ngunu….”
Didik
:
“Ngene lo pak, aku di isin-isin arek-arek nduk sekolahan, merga aku dewe sing gak duwe HP…..”
Pak Ratno
:
“Terus?......”
Didik
:
 “Kok terus se pak?, yo aku iku sampean tukokno HP cekne gak di isin-isin karo arek-arek…”




Pak Ratno dan Bu Sri saling berpandangan sesaat

Bu Sri
:
“Ngene lo le, awakmu lak yo ngerti dewe, bapakmu iku nyambut gawene cuma tukang ojek, kayane gak mesthi. Lha wong BKS-mu lo durung lunas dibayar, kok malah njaluk HP. Terus di gawe opo HP iku?”
Didik
:
 “Babah!. Pokoke aku njaluk HP, nek gak ditukokno palak aku gak usah sekolah…”
Pak Ratno
:
“Dik…, awakmu iku lak ijik kelas 5 SD se, terus gawe opo njaluk HP?.
HP iku barange wong gede, alat komunikasi gawe berhubungan karo koncone nyambut gawe…”. 
Didik
:
“Yo gawe main game se pak, koyok nggone arek-arek iku kenek gawe dulinan, terus nyetel MP3, pokoke akeh lah pak. Enak pokoke nek duwe HP”.
Bu Sri
:
 “Tapi HP iku barang larang le….., oleh duwit tekok endi bapak karo ibuk….”
Didik
:
“Mboh…. Mboh…. Mboh….!, pokoke tukokno HP!” (Didik pergi dengan marah meninggalkan kedua orang tuanya)
Pak Ratno
:
(berteriak marah) “Didik…..!” (geleng-geleng kepala kemudian duduk kembali)
Bu Sri
:
 “Wis pak, gak usah dipikir nemen-nemen. Ngunu iki jenenge arek, seneng meri ndelok kancane. Engko nek mulih sekolah njajal ganti aku sing nuturi”.
Pak Ratno
:
“Yo buk…., yo wis aku budal ngojek yo, kawanen tambah gak uman penumpang engko aku…”
Bu Sri
:
“Yo wis pak, sing ati-ati nduk embong..” (mencium tangan suaminya)

BABAK II  : HALAMAN SEKOLAH

Tampak Ferdi sedang duduk santai sambil memainkan HP miliknya, tidak lama berselang datang Rafi teman sekelasnya
Rafi
:
“Fer, lapo awakmu iku?”
Ferdi
:
“Biasa, ngenteni bel, nge-game iki…”
Rafi
:
 “Game ae awakmu iku, wis garap PR ta?”
Ferdi
:
“Oleh PR ta, pelajaran opo?, kok lali aku….”
Rafi
:
“Kandani se, makane ta ojo HP ae, sampek lali garap PR. Awakdewe lak oleh PR PKn se, nggarap perbaikan halaman 25”.
Ferdi
:
“Ooooo, iyo se, lali, tapi awakmu wis garapo se?, aku nyonto ya!..”.
Rafi
:
“Beres!……”
Ferdi
:
“By the way, aku ndelok HPmu Raf…”
Rafi
:
“Gayamu athik ngomong By the way barang, wong Bahasa Inggris kenek remidi terus ae kok.” (tertawa sambil mengeluarkan HP dari sakunya)
Ferdi
:
“Gaul nda….,
Whik!.. anyar maneh HPmu?”
Rafi
:
“Yo se, wis bosen aku karo sing lawas. Apik sing iki, HPku sing anyar iki gawe touch screen.”
Ferdi
:
“Hebat…..!, aku mene yo tak njaluk ganti sing touch screen koyok nggonmu.”

Pembicaraan Ferdi dan Rafi terhenti saat melihat Didik memasuki gerbang sekolah. Serentak mereka menghampiri Didik.

Ferdi
:
“Dik, aku ndelok HPmu. Apik endi karo HPku?”
Rafi
:
“Didik kok duwe HP, wong bapake tukang ojek ae lo, mosok iso nukokno HP!”
Didik
:
“Bapakku lo engko awan ngejak aku tuku HP…..”
Ferdi
:
“Opo tuku HP? Ha… ha... ha…, gak mungkin alias imposible bapakmu iso nukokno awakmu HP!”
Rafi
:
“Iyo…., gak mungkin iku. Wis Fer, ayo Didik ditinggal dewe, awakdewe nang kantin ae, karo aku kate njaluk lagune jaranan nang HPmu.”
Ferdi
:
“Oke…..”

Ferdi dan Rafi meninggalkan Didik sambil tertawa gembira.

Didik
:
“Pokoke aku mesthi duwe HP. Titenono ae awakmu Ferdi karo Rafi, aku bakal tuku HP sing luwih apik timbangane nggonanmu.”

Didik tidak jadi masuk ke kelas, dia pergi meninggalkan sekolah

BABAK III  : RUMAH PAK RATNO (Dua Minggu Kemudian)

Siang itu, tampak Bu Sri sedang duduk santai, bersama Pak Ratno yang baru pulang untuk istirahat makan siang

Bu Sri
:
“Pak, aku ndelok semangate Didik sekolah iku kok bangga. Sekolahe sregep, terus yo enthengan ngrewangi penggaweane wong tuwo nduk omah..”
Pak Ratno
:
“Yo buk, aku dewe yo bangga kok duwe anak koyok Didik. Masio urip serba kekurangan, Didik gak tau patah semangat nek sekolah.”

Tidak lama kemudian datang Didik
Didik
:
“Assalamu’alaikum…” (masuk sambil mencium tangan kedua orangtuanya)
Bu Sri & Pak Ratno
:
“Wa’alaikumsalam…”
Bu Sri
:
“Wis mulih le…, ndang ganti seragame terus ndang mangan.”
Didik
:
“Aku kate langsung adus buk, mergo kate balik nang sekolahan, enek kegiatan pramuka.” (Didik bergegas masuk rumah dengan menaruh tasnya sembarangan di meja)
Bu Sri
:
“eee, arek iki mari di elem sregep kok ndekek tas glethak-glethek”(Memungut tas sekolah Didik)
Pak Ratno
:
“Njajal se buk, sampean bukaki bukune maeng di ulang opo ae nduk sekolahan.”

Bu Sri
:
“yo pak.”(Bu Sri membuka tas Didik, namun tiba-tiba wajahnya berubah kaget sambil mengeluarkan sejumlah uang yang terdapat di dalam tas Didik).
Pak Ratno
:
“Enek opo buk, sawangane kok serius?”
Bu Sri
:
“Pak….., sampean delok iki.”(sambil menyerahkan sejumlah uang dari dalam tas Didik kepada Pak Ratno).
Pak Ratno
:
“Duwite sopo iku buk?”
Bu Sri
:
“Aku gak ngerti pak, iki enek nduk njero tase Didik.”
Pak Ratno
:
“Kurang ajar!, nyolong duwite sopo arek iki?...”
Bu Sri
:
“Sabar pak, ditakoni alon-alon areke, ojo kesusu diseneni.”
Pak Ratno
:
“Gak diseneni iku nek areke bener, lha nek maling, yo gak sekedar tak seneni, nek perlu tak ajar pisan!” (berteriak memanggil Didik) “Didik….! Rene!.....”
Didik
:
“Lapo se pak, iki aku tas mari nek adus.”
Pak Ratno
:
(tanpa mampu membendung emosinya, Pak Ratno melemparkan uang yang ditemukan dalam tas Didik ke muka Didik) “Duwite sopo iku?” (Didik diam sambil menundukkan kepala)
Bu Sri
:
“Jawaben le, iku duwite sopo?”
Didik
:
“Duwitku dewe buk….” (Didik menjawab lirih dengan tetap menunduk)
Pak Ratno
:
“Duwitmu dewe?” (menghela nafas sejenak) “Dik, sak elinge bapak karo ibuk, ora tau ngekeki sangu akeh nang awakmu, kok awakmu duwe duwit akeh iku tekok endi?” (Didik tetap terdiam, membuat Pak Ratno tidak lagi mampu membendung emosinya, serta merta Pak Ratno menampar Didik) “Kowe maling yo?, duwite sopo sing mbok colong?. Dik…, bapakmu iki ancene wong mlarat le, tapi ora tau ngulangi awakmu dadi maling”
Didik
:
“Aku gak nyolong pak….” (Didik menjawab lirih)
Pak Ratno
:
“Terus nek gak nyolong iku oleh duwit tekok endi?” (Pak Ratno marah sambil memukuli Didik, membuat Bu Sri iba, dan menangis sambil melindungi Didik) “Ojo ditulungi buk, arek kurang ajar!, sopo sing ngulangi awakmu dadi maling?”
Bu Sri
:
“Sabar pak….!, wong areke dewe yo ngomong nek duduk olehe nyolong…”
Pak Ratno
:
“Terus nek gak nyolong iku oleh tekok endi duwit sakmunu akehe?...., wis buk, ojo dibelani terus. Anakmu iku salah kudu di ajar!”



Dari luar terdengar suara orang mengucap salam

Pak Johan & Bu Indah
:
“Assalamu’alaikum…”
Pak Ratno
:
(berusaha meredakan emosinya) deloken buk, sopo nduk ngarep iku!”
Bu Sri
:
(menuju pintu dan membuka pintu kemudian mempersilahkan Pak Johan dan Bu Indah masuk) Monggo pak, bu, pinarak…..
Pak Johan
:
“Wonten nopo niki pak?, kok ketingale njenengan mantun ngajar putra panjengengan..”
Pak Ratno
:
“Sampean sinten?, kulo niki nyukani pendidikan anak kulo.”
Pak Johan
:
“Pendidikan?, mboten mekaten pak, carane ndidik anak menika.”
Pak Ratno
:
“Sampean niku sakjane sinten, mriki perlune nopo, kok malah nuturi kulo?”
Pak Johan
:
“Ngapunten sakderenge pak, kulo niki kepala sekolah wonten sekolahane putra panjenengan Didik, nami kulo Johan, lajeng menika Bu Indah, Guru kelasipun Didik.”
Bu Sri
:
“lha panjenengan mriki nikiu perlune nopo pak?, menawi nagih buku sekolahe anak kulo, ngapunten, kulo dereng saget bayar pak…”
Bu Indah
:
“Mboten bu, kulo kaliyan Pak Johan mriki badhe tanglet, nopo sebabe kok Didik sampun kalih minggu niki mboten mlebet sekolah. Kanca-kancane kulo tangleti mboten wonten sing sumerap. Mila menika kulo kaliyan Pak Johan mriki sakperlu nangletaken sebabe Didik dangu mboten mlebet sekolah.”
Pak Ratno
:
“Rong minggu gak mlebu?, ancene arek nek gak ngerti tata, senengane gawe wirange wong tuwo, wis nyolong, seneng mbolos pisan. Ping piro ae awakmu mbijuki wong tuwo?”(Pak Ratno hendak kembali memukul Didik, namun dihalangi Bu Sri dan kedua guru Didik) ,
Pak Johan
:
Sabar pak, larene ditangleti rumiyen kemawon. Nopo kersane kulo mawon sing nangleti, menawi kalih kulo Didik purun jujur.” (mendekati Didik)
Didik
:
“Sak estu kulo mboten nyolong pak….”
Pak Johan
:
Yo Dik, bapak ngerti, tapi kowe yo kudu bloko suto, kudu jujur supaya kabeh percoyo karo kowe…” (Didik hanya terdiam)
Pak Ratno
:
“Ojo mbijuki awakmu…..”(sambil mendekati Didik hendak memukul kembali, namun terhenti karena di luar kembali terdengar orang mengucap salam)
Pak Bejo
:
“Assalamu’alaikum..” (tanpa dipersilahkan Pak Bejo langsung masuk ke dalam rumah Pak Ratno) “ngapunten sedaya, kulo langsung mlebet. Kulo badhe tanglet, nopo leres menika griyane nak Didik?”
Bu Sri
:
“Nggih pak, leres, njenengan sinten?”
Pak Ratno
:
“yo iki wonge sing mbok colong duwite, yo Dik? (sambil berteriak penuh emosi)

Bu Sri, Pak Johan, & Bu Indah
:
“Sabar pak…..”
Pak Bejo
:
“Nyolong?, maksude niki pripun?, kulo mriki perlune balekaken bukune nak Didik sing keri wonten warung kulo…”
Pak Ratno
:
“Lho ya, bolosan, senengane cangkruk nduk warung…..”
Pak Bejo
:
“ngapunten pak, njenengan sinten?”
Pak Ratno
:
“Kulo bapake Didik, lha menika (sambil menunjuk Bu Sri), “ibuke Didik.”
Pak Bejo
:
“Oooo, ngeten pak nggih, Didik dateng warung kulo menika mboten cangkruk, nanging ngrencangi kulo ngonceki brambang, korah-korah piring, nggih pokoke ngrencangi pendamelan kulo ten warung…”
Bu Indah
:
“Mangke rumiyen pak, kok saget njenengan sanjang didik nyambut damel wonten warung njengengan, wong didik menika murid kulo, tasik sekolah kelas 5 SD.”
Pak Bejo
:
“ Nggih bu, larene sampun sanjang menawi tasik sekolah, kulo sakjane nggih mboten purun nerima kerja, tapi ningali larene, ketingale butuh sanget, kulo nggih mboten tega nolak.”
Pak Ratno
:
“Didik…Didik, kok kebangeten awakmu iku, bapak iki ancene wong mlarat le, tapi ijik iso ngingoni awakmu. Kewajibanmu iku sekolah, ngangsu kawruh, supaya pinter, gak bodho koyok bapak karo ibuk.”
Pak Bejo
:
“Pak, njenengan sakjane kedah bangga kagungan putra kados Didik, larene niku sregep. Lha wong senajan ngrencangi kulo tandang gawe, menawi warung sepi larene tasik sinau bukaki bukune sekolah. Sampun kalih minggu niki larene tumut kulo, tapi larene sanjang penghen mantuk jam setunggal, sami kaliyan bubaran sekolah. Terose kersane bapak kaliyan ibuke mboten curiga.”
Bu Sri
:
(mewndekati didik kemudian mengelus kepala Didik dengan sayang) “Le, Didik anakku, sakjane gawe opo se kowe ninggal sekolahmu gawe kerjo, kudune awakmu iku mikir sekolah thok, maslah duwit, cekne bapak karo ibuk sing mikir..”
Didik
:
“Aku pengen HP buk….”
Bu Sri
:
“Maksude?”
Didik
:
“Aku pengen tuku HP koyok arek-arek buk, tapi aku yo ngerti nek bapak karo ibuk gak duwe duwit, makane aku kerjo melok Pak Bejo cekne oleh duwit, duwite tak klumpukno. Mbendino aku dibayari sepuluh ewu buk. Aku janji nek duwite cukup gawe tuku HP aku sekolah maneh…”

Semua terdiam, terhenyak mendengar penuturan dari Didik
Pak Ratno
:
(mendekati Didik dan mengelus kepala Didik) “dadi kowe kerja nglumpukno duwit gawe tuku HP?. Sepurane le ya, bapak wis salah, ngarani kowe nyolong ngajar awakmu pisan…”
Didik
:
“mboten nopo-nopo pak….”
Pak Johan
:
“Dadose, Didik mboten mlebet sekolah namung kepengen nglumpukno arta damel tumbas HP?
Pak Ratno
:
“Leres pak.”
Pak Johan
:
“Bu Indah, opo bener arek-arek nek sekolah iku podho gawa HP?
Bu Indah
:
“Nggih Pak.”
Pak Johan
:
(mengeleng-gelengkan kepala) kenek opo masalah iki gak di omongno waktu rapat guru?, kudune arek usia SD iku gak oleh gawa HP nang sekolahan. Para wong tuwa ya ora oleh nyekeli anake sing isih SD karo HP merga durung wayahe.”
“ya wis, nek dipikir-pikir aku minangka kapala sekolah yo salah, merga gak ngerti masalah koyok ngene iki.”(berpaling menghadap Bu Indah) Bu Indah…”
Bu Indah
:
“Nggih Pak.”
Pak Johan
:
“mene tulung digawekno undangan gawe wali murid, aku pengen ngekeki pengertian, nek arek SD iku gak oleh di cekeli HP, merga isa bahaya. Nek gak ngerti kegunaane malah slah-salah iso merusak moral anak bangsa.”
(mendekati Didik) “Dik….”
Didik
:
“Nggih Pak.”
Pak Johan
:
“mene mlebu sekolah yo, masalh HP wis gak usah dipikir maneh.”
Pak Ratno, menawi mekaten kulo pamit, badhe balik dhateng sekolahan.”(Pak Johan dan Bu Indah meninggalkan rumah Pak Ratno).
Pak Bejo
:
“Kulo nggih pamit pak, Assalamu’alaikum..” (meninggalkan rumah Pak Ratno).
Pak Ratno
:
“Nggih mangga, wa’alaikumsalam…”(beranjak mendekati istrinya dan Didik) ”Buk, karo kowe Didik, bapak ngakoni salah wis nuduh tanpo bukti, mulo iku bapak njaluk sepuro yo…”
Bu Sri & Didik
:
“Nggih pak…..”
Pak Ratno
:
“Buk, nek tak pikir-pikir kedadean iki yo akeh hikmahe, awakdewe iso ngerti perkembangan jaman sing tambah gak karo-karoan. Kabeh iki mau ancene gara-gara anake dewe nyidam HP….”


>- ooOoo -<



Tidak ada komentar:

Posting Komentar